GEGURITANE , DWI PUSPITA NINGRUM - PURWOREJO
Untuk memberi Ruang Publik. Rubrik BUDAYA KoranPurworejo.Com menerima tulisan karya yang relevan, seperti Puisi, Cerpen, Laporan Diskusi, Ulasan pentas dan sejenisnya. Akan dimuat disetiap hari Minggu. Rubrik ini digawangi Penyair dan Essays Sumanang Tirtasujana.
PASINAON ING DESA
papan pasinaonku ing desa
adoh reramen adoh kutha
papane mewah, mepet sawah
kubengku palawija jagung pari
tandurane among tani
pinggir dalan cedhak pasar
sing liwat dudu avansa nanging dhokar
jajanku cilok lan dhawet
dudu chiken apa maneh berger
aja dumeh pasinaonku ing kampung
internet aku tepung
ngugemi tatakrama lan srawung
ngajeni kanca dwija bapa biyung
ngudi ngelmu sugih rekasa
ngupaya marga tumuju mulya
desa kutha padha wae
gumantung marang manungsane.
Bruno, 2018
OMAH IKI
Omah cet putih sing nentremke ati
Wiwit adoh wis tak ulati
Dak jangkah undhak-undhakane mbaka siji
Tetanduran sakiwa tengene tinata asri
Tekan latar kang katon resik
Sumur wening tirtane mapan sakiwa omah
Tinimba nalika ngresiki awak
Jejer blumbang papan uripe iwak
Nglipur atiku yen lagi rupak
Papan manekung satengen omah
Saben wanci tansah dak ambah
Papan nentremke ati kang temlawung
Nyaket marang Gusti Kang Maha Agung
Ulat padhang esem manis
Tutur becik pangrengkuh asih
Pitutur luhur rama mring siwi
sambunging kekadangan yekti
Omah iku mbaleni tentreming ati
Merga tresnamu sing ngundang aku bali.
Jatiwangsan, Kemiri 2017
SWARA WENGI
Sumribit laku angin ngelus gegodhongan
Ngobahke antenging carang ringkih
Kemrosak nggogrokake ron aking
Kang tumiyung manglung ing lurung
Sinelan swara jangkrik
Kidunge walang wengi
Sesautan lan kodhok bangkong
Nywara seru ing pinggir kedhung
Mendhung wengi saya peteng
Ngalingi sunaring rembulan
Lintang antuk pandhelikan
Gumricik tangising tawang
Nambahi sepining kahanan
Datan ana swara janma
Sirep angles ing jagad sumpena
Kluruke si Blorok ing kandhang pring
Sesauran sinautan saka kadohan
Antarane deresing udan
Lamat-lamat keprungu swara adzan
Nggugah kang angles jroning impenan
Ngajak manembah mring Pangeran.
Bruno, 2018
“GURIT BALAKAN”
Mendheg jegreg ing pinggir jaratan
Dak sawang cungkup, kijing lan maesan
Lemah gegodhongan teles siniram udan
Hawa adhem sepi tintrim ing kahanan
Dak jangkah mbaka siji talundagan
Munggah lumebu ing sarean Balakan
Papane kang wis sumare
Eyang, buyut, kanca, tangga lan kadang
Kasurung rasa asih,bekti lan kapang
Lungguh doprok ing ngarep maesan
Eyang
Sawetara suwe lungaku ninggal papan
Suwe datan ngambah Balakan
Duk ratri kawuri
Eyang rawuh ing impi
Ngawe-awe mesem nentremke ati
Tudhuh-tudhuh sarean nyuwun diresiki
Eyang
Najan putumu adoh ing paran
Dongaku tansah lumintu
Muga pinaringan kubur kang padhang
Tentrem ing alam kalanggengan
Balakan dadi pepeling tumrap agesang
Besuk bakal bali ing ngarsane Pangeran
Bali ing alam kasedan.
Bruno 2018.
BIOGRAFINE PENGGURIT
Dwi Puspita Ningrum, M.Pd Lahir ing Bruno, Purworejo iring kulon lor.
Saiki ngasta Guru Bahasa Jawa ing SMA Negeri 7 Purworejo Deweke uga minangka dhalang wedok kang kagolong misuwur.
Alamate SMA Negeri 7 Purworejo
Jl Ki Mangunsarkoro No 1 Purworejo, Jawa Tengah 54114
Tidak ada komentar